Saturday, August 24, 2013

NAMPI PANINGSET

NAMPI  PANINGSET


Asalamualaikum wr .wb
Bapak haryadi hingkang winengku ing kaharayon
Kula hingkang kapiji Bapa Bastian kekelih. Langkung rumiyin kula haturaken salam pambagya wilujeng rawuh panjenengan sekadang. Salajengipun keparenga kula hanampi salam wilujengipun Bapa Haryadi sekalian. Hingkang mangke nuli badhe kula aturaken dhumateng Bapa Bastian kekalih. Kejawi hingkang punika, sedaya paring pangandika panjenengan kados sampun cetha trawoca. Bapa Bastian kekalih ngaturaken sanget angunging panuwun hawit sedaya paparingipun Bapa haryadi minagka abon aboning paningset

Dene menggah nghalejengipu tatacara badhe dhaupipun rara giyarti handayani sarta bagus alwi eriyawan sampun wonten ing pamurbanipun Bapa Bastian kekalih. Salajengipun kula nderek nitipaken salam wilujeng Bapa sudirman kekalih mugi katur ning Bapa Haryadi sekalian winantu ing sasanti. Mugi tansah rahayua hingkang sami pinanggih. Mugi keparingipun Bapa haryadi sekadang nghalajengaken lelenggahan wonten papanggihan tata cara ringkes dalu punika ngantos dumugi sapari purnanipun.

Hing wasana kulan nghaturaken pangapunten hawit kula hanampi rawuh panjenengan. Saha kirang runtuting anggen atur kula. Kados cekap semanten atur penampi kula

Wassalamualaikum wr.wb  

No comments:

Post a Comment